Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wulangan 8

I. A. Pacelathon

Tindakna!


Jamu Jawa


Ani: Bu, weteng kula sakit.

Ibu : Kana, nyang mburi!

Ani: Sampun wongsal-wangsul.

Ibu : Kok ora awan-awan mau matur. Yah ene

arep golek obat nyang ngendi.

Ani: Adhuh, adhuh! Pating plilit, Bu, kraos dha-

teng wingking.

Ibu : Wis kana, cekat-ceket!

Ani: Mantun malih, Bu.

Ibu : Kowe ki lara desenttri.

Wis, iki bae dhisik, takparute. Njupuka enjet

karo uyah kana!

Ani: Punapa punika, Bu, kok dipun parut?

Ibu : Iki kunir. Diparut, diperes, dicolok enjet lan

uyah sithik, terus diombe.

Ani: Pait, Bu?

Ibu : Ora, mung rada getar.

Enya, seprapat gelas iki entekna! Mengko

wetengmu rak mari.

Ani: Inggih, Bu!


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep!


1. Enya cobanen, mengko rak bisa!

2. Coba nyatakna, mengko rak tenan!

3. Coba manuta, mengko rak kepenak!

4. Coba nekata, mengko rak kodanan!

5. Coba golekana, mengko rak ketemu!

55