Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/59

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen banjur tembangna!

Satriya Kumbakarna
(Dhandhanggula)


1. Wonten malih tuladhan prayogi
Satriya gung nagari Ngalengka
Sang Kumbakarna namane
Tur iku warna diyu
Suprandene nggayuh utami
Duk awit prang Ngalengka
Dennya darbe atur
Mring kang raka mrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
De mung mungsuh wanara.

2. Kumbakarna kinen mangsah jurit
Mring kang raka sira tan nglenggana

49