Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 7

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Satriya Kumbakarna
Darmadi : Bapak, Kumbakarna rak raseksa, inggih?
Bapak : Bener, Dar! Wujude buta gedhe dhuwur.
Darmadi : Galak, Pak?
Bapak : Ketoke galak, ning empan papan.
Darmadi : Dados, boten kados danawa sanes-sanesipun?
Bapak : Pancen beda. Mula sok ditembungake: satriya nanging awujud buta.
Darmadi : O, inggih ta. Dados wujudipun danawa nanging jiwanipun satriya. Ngaten, Pak?
Bapak : Lha, ya ngono kuwi. Mula dijak perang mbelani kakange ora saguh, marga mase

sing salah.

Darmadi : Punapa prabu Dasamuka punika ingkang ngajak perang?
Bapak : Pinter tibake, Darmadi ki!
Kuwi ana tembange barang. Mengko dakwuruki!


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep!

  1. Meneng-meneng pinter tibake Anta ki!
  2. Cilik-cilik pedhes tibake lombok jemprit ki!
  3. Glotha-glathe bener tibake anggonku mbedhek!
  4. Ngerti-ngerti wis tengah wengi tibake!
  5. Gedhe-gedhe mundhak bagus Kridha kae!
    48