Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/60

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

nglungguhi kasatriyane
Ing tekad datan purun
Amung cipta labuh nagari
Lan nolih yayah rena
Myang leluhuripun
Wus mukti aneng Alengka
Mangke arsa rinusak ing bala kapi
Punagi mati ngrana


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Sapa arane satriya gung ing Ngalengka?
  2. Sang Kumbakarna dijak kakange apa?
  3. Geneya Kumbakarna ora gelem?
  4. Sidane Kumbakarna uga maju perang. Karepe mbelani sapa?
  5. Mungsuhe Kumbakarna awujud apa?


III. Kawruh basa

A. Ditya, diyu, danawa, will yaksa lan raseksa iku dasanamane buta.

Lah iki dasanamane apa?

  1. Wanara, kapi, palwaga, rewanda: .....
  2. Samirana, pawana, maruta, bayu: .....
  3. Kisma, bantala, bawana, pratiwi: .....
  4. Weka, atmaja, sunu, putra, suta, siwi: .....
  5. Prabata, prawata, ardi, giri, ancala: .....
  6. Ranu, tirta, warih, we, her: .....
  7. Bahni, agni, brama, dahana, pawaka: .....
  8. Janma, jalma, jana, nara: .....
  9. Diwangkara, bagaskara, baskara, aruna, pratanggapati: .....
  10. Sasangka, sasadara, sitaresmi, basanta, candra, tengsu: .....
    50