Lagi ketungkul nggraji, gegerku gatel.
Lha, aku lali yen lagi nyekeli graji. Geger-
ku dakkukur: srug, usrug-usrug!
Sakdu : Wah, hla! Gudras-gudras no, Sar!
Apa tumon, geger kok digraji dhewe!
Sarpan: Ya kuwi jenenge ..... nasib. Luwak mangan tales, awak lagi apes!
B. Wacanen kang patitis!
1. Apa tumon, ketiban paku wae kok mati!
2. Apa tumon, wong mati dilangkahi kucing urip!
3. Apa tumon, pit kok numpak uwong!
4. Apa tumon, pitik dhase telu!
5. Apa tumon, gedhang awoh gori!
II. Maca titi
A. Wacanen batin!
Tanggaku senengane pamer tur rada anggep. Karo kanca-kancane nyepelekake. Rumangsane dheweke iku sing apik dhewe. Angger ana pista dheweke mesthi manggon ana nga- rep. Bola-bali mbenakake dandanane karo sajak pa- mer-pamera. Yen ana tukang foto sing, arep njepret, ndheweke age-age pasang aksi.
Tujune kanca-kancane bocah apik. Ora tau nya- ruwe lan tansah ngemong marang bocah anggep mau, Nanging mesthi bae padha mbatin: ”E, bocah. kok olehe anggep. Yen cuning ketanggor rak durung kapok!””
41