Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/52

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

 Nuju sawijining dina bocah anggep mau jagong nganten. Tekane rada kasep, marga mentas lungan. Bubar dandan set set set, terus mangkat. Tekan papan jagongan dheweke ndhesel-ndhesel golek enggon ngarep. Banjur wiwit pasang aksi, mengo ngiwa nengen karo kepet-kepet. Mangka, lungguhe wis cedhak kipas angin.

 Kabeh tamu padha nggatekake. Semono uga juru potret, bola-bali jeprat-jepret njupuk gambare. Bocah mau mongkog atine, sedhela-sedhela mamerake eseme sing digawe-gawe.

 Kocapa bareng tekan ngomah. Selak weruh gayane dhewe, terus ngilo ing kaca benggala. Saiba kagete bocah mau. Sanalika njerit karo gidro-gidro. Sambate, ”Matik aku! Kewirangan gedhen-gedhen. Idepku sing kiwa jebul durung dakpasang. Hara ta, alisku barang thik menceng sesisih. Lho, lha iki piye, jaritku barang jebul kleru sing lawas. Kojur, kojur! Arep golek alem jebul malah kucem!”

 Ora ilang-ilang getune kancaku mau. Nganti seprene jare yen kelingan isih gidro-gidro dhewe.

42