Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/50

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 6

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Apa Tumon?
Sarpan : Du, Sakdu, kowe wis tau weruh wong maku kursi?
Sakdu : Wis bae. Aku dhewe ya wis tau ndandani kursi, kok!
Sarpan : Lha nek wong maku jempolane dhewe wis tau weruh durung?
Sakdu : Durung! Apa wong edan jempolane dhewe wekok dipaku ki!
Sarpan : Ora edan, wong aku dhewe malah wis tau nglakoni.
Sakdu : Eh, ngayawara. Ra ngandel aku!
Sarpan : E, mati ta. Maido. Ngene lho: peteng-peteng
olehku dandan-dandan kurang sithik. Sirku arep takrampungke. Paku takgujengi .....
Sakdu : Nganggo tangan kiwa, ya?
Sarpan : Iya. Terus nuthukku takrosani bae. Lha, mleset. Pakune mencelat, jempolanku
sigar. Lha iki ta, kukune nganti coplok.
Sakdu : Wah, marem no, Sar? Ha ha ha!
Sarpan : Wah, ya sedhengan. Ning sing paling marem ki nalika gegerku kegraji dhewe.
Gumun ora kowe?
Sakdu : Kowe ki kok neka-neka bae ta, Sar. Tenan pa piye?
Sarpan : Goroh ki gek entuk-entukane apa. Kuwi critane ngene:
40