Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

ngak kaliyan mlajeng tur ngangsa sanget. Boten sekedhik ingkang lajeng nabrak pager mak gabrus. Malah wonten ingkang kecanthol rasukanipun dhowak- dhowak. Ingkang sarungan kemawon wonten ingkang tumut ngoyak layangan. Sampuna dhawah kesrimpet sarungipun, boten kraos bilih sarungipun mlotrok dados gegujengan.
Ingkang ngantos tombok arta ugi wonten. Jalaran kepeksa nempuhi kedah mbayar dhawet saangkring ingkang ketabrak lan lajeng numplak. Ngoyak layangan pedhot punika ketingalipun lucu nanging inggih kesangeten. Menawi kecepeng wetah punika nami begja. Gek pinten ta reginipun layangan satunggal punika? Boten cucuk kaliyan rekaos lan bebayanipun.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Bocah-bocah sing padha ngundha layangan kuwi umume kepriye?
  2. Yen ana layangan pedhot padha kepriye?
  3. Apa bedane ngoyak maling karo ngoyak layangan pedhot?
  4. Sing padha ngoyak layangan ana sing klambine dadi dhowak-dhowak. Geneya?
  5. Piye genahe, ngoyak layangan kok malah tombok dhuwit?


III. Kawruh basa

A. Tuladha:
a. Sutris nabrak pager mak .....
b. Sutris nabrak pager mak gabrus
32