Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/43

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha!

  1. Gelase tiba mak .....
  2. Bocah-bocah mlayu mak ....., kaya diabani.
  3. Mak ..... , Wahyu mandheg ana ngarep lawang.
  4. Badri kepleset tiba mak .....
  5. Sugeng ambyur mak .....
  6. Atiku nratab mak .....
  7. Tikuse mlayu mak .....
  8. Swarane mriyem mak .....
  9. Ketheke nggandhul ing pang nak .....

a. jrunthul
b. gleger
c. genteyong

d. krompyang
e. brubut
f. jegagik

g. gedebug
h. clurut
i. sir


B. Tuladha:

a. Lakune ..... ora ndelokake dalan.
b. Lakune nglangak ora ndelokake dalan.

Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, pilihen aga tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Lakune ..... kaya wong bingung.
  2. Lakune ..... sakepenake.
  3. Lakune ..... kaya maling konangan.
  4. Mripate ..... kaya wong ora jenak.
  5. Swarane ..... kaya ora kolu tajin.
  6. Omongane ..... ora kena diselani.
  7. Lakune ..... wedi yen konangan.
  8. Ambune ..... tekan ngendi-endi.
  9. Tangane ....., apa-apa dicekel.
  10. Guyune ....., keprungu tekan ngendi-endi.

a. ngakak
b. sraweyan

f. klentrang-klentreng
g. glendheh-glendheh

33