Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

3. Wah nasib, nagih mrucut malah dijak padu!
4. Wah nasib, dakelus jebul malah seling surup!
5. Wah nasib, regane larang ora kena dienggo!

II. Maca titi

A. Wacanen sing titi!

Ngoyak Layangan Pedhot

 Limrahipun lare ngundha layangan punika sami kesupen wekdal. Wekdal kangge sinau sami dipun lirwakaken, malah adus kemawon ngantos kesupen.

 Punapa malih menawi pinuju wonten layangan pedhot, lare-lare saya kesupen dhateng pangatos-atos. Sadaya lare mak brubut kados dipun abani, sami ngoyak layangan punika.

 Menawi ngoyak pandung ngaten taksih ningali margi, sareng ngoyak layangan, boten. Sadaya ngla-

31