Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/29

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. gawe barang-barang kuningan
  2. gawe barang-barang tembaga
  3. gawe grabah
  4. adol barang mas inten
  5. adol barang-barang sembet
  6. adol tinuku raja kaya
  7. gawe barang-barang watu
  8. gawe barang-barang kayu prabot omah
  9. gawe barang-barang wesi
  10. mulang muruk


D. Tuladha:

  1. Itak nangis.
  2. Itak nangisi kakange.

Ukara-ukara iki dadekna ukara mawa lesan, kaya tuladha!

  1. Nursih adus.
  2. Maryam dandan.
  3. Martinah kramas.
  4. Srini pupuran.
  5. Wa Drana lunga.
  6. Bambang nesu.
  7. Darmi menjep.
  8. Hardi mbengok.
  9. Uning lungguh.
  10. Bremana ngombe.


E. Tuladha:

  1. Jarot kuwi atine (tuwa), gelem ngalah lan bisa momong adhi-adhine.
  2. Jarot kuwi atine temuwa, gelem ngalah lan bisa momong adhi-adhine.

19