Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tembung njeron kurung wenehana seselan um, in, el utawa er, gawenen kaya tuladha!

  1. (Timbang) nganggur ayo padha cangkriman!
  2. Wis (pasthi) ing Pangeran, anake sakarone padha gugur ndhepani nusa lan bangsa.
  3. Slamet Riyadi prajurit (punjul).
  4. Ngajengaken serap surya kula sakanca sampun (dugi) ing sekolahan.
  5. Yen salah siji gelem (singkir) ora-orane dadi padu.
  6. Diundang bola-bali kok ora (saur).
  7. Kae jenenge lintang (kukus).
  8. Untuku rasane pating (senut).
  9. Kringete pating (dewer).
  10. E, mbok aja pating (siwer) ana kene!

IV. Kasusastran

Parikan

Tuladha:

Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
Mula becik ngati-ati.

Gawea parikan siji bae kaya tuladha!


V. Wacanen banjur turunen!

  1. ꦱꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂꦏꦱ꧀ꦠꦶ
    Surip pinter kasti.

20