Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ceceg-ceceg iki isenana tembung sing cocog, pilihen tembung-tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Jajan ..... entek telung atus rupiyah.
  2. Ngombe ..... wis ilang ngelakku.
  3. Jarit iki katone ..... kaya anyar gres, satemene sembuhan.
  4. Mangan lagi ..... wis mbalik maneh.
  5. Ngombe banyu degan entek .....
  6. ..... iki ing kene murah duren.
  7. Dideleng ..... bae wis tamat kabeh.
  8. Batih akeh, mbeleh pitik loro mung kanggo .....

a. saendhegan
b. sagrabyagan
c. satleraman
d. salawuhan

e. saemplokan
f. sagebyaran
g. sacegukan
h. sadhodhokan


C. Tuladha:

a. Dhokter iku pagaweane .....
b. Dhokter iku pagaweane nambani wong lara.

Ukara-ukara iki rampungna kaya tuladha!

  1. Guru iku pagaweane .....
  2. Pandhe iku pagaweane .....
  3. Undhagi iku pagaweane .....
  4. Jlagra iku pagaweane .....
  5. Gemblak iku pagaweane .....
  6. Sayang iku pagaweane .....
  7. Kundhi iku pagaweane .....
  8. Para iku pagaweane .....
  9. Wade iku pagaweane .....
  10. Blantik iku pagaweane .....
    18