Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/27

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

B. Wangsulana kang patitis abasa krama!

  1. Untune lara kaya dikapakake?
  2. Lara untu kuwi apa jalarane?
  3. Tembang Maskumambang kuwi pirang pada?
  4. Sapada ana pirang gatra?
  5. Sebutna guru lagu (dhong-dhing) lan guru wilangane!


III. Kawruh basa

A. Tuladha

a. Untune rintik-rintik kaya untu .....
b. Untune rintik-rintik kaya untu graji.

Tembung kang cap-capane kandel dadekna tembung entar kaya tuladha!

  1. Kukuku njepat, kesandhung sikil .....
  2. Sapa ngadeg ana pipi ..... kae?
  3. Sabune aja kodokok ana lambe .....
  4. Aku arep matrekake kuping .....
  5. Raden Setyaki dadi cucuking .....
  6. Purwadi dadi kembang ..... wong sadesa.
  7. Ibu mundhut barleyan arep kagem mripat .....
  8. Di ngati-ati uripmu ing ngalam donya, aja nganti tumiba ing jurang .....


B. Tuladha:

a. Pipine abuh, ..... kaya wong ngemut kembang gula.
b. Pipine abuh, satleraman kaya wong ngemut kembang gula.

17