Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/26

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

II. Maca titi

A. Wacanen batin banjur tembangna bebarengan!


Lara Untu
(Maskumambang)


Dhuh dhuh adhuh untuku kaya digraji.
Lara sewu lara.
Mremen-mremen tekan gusi.
Gusi abuh sajempolan.

Sirah ngelu, cekot-cekot krasa gedhi.
Mangan ora doyan.
Ngombe kaya ngulu wedhi.
Pipi abuh lir semangka.

Kabeh iki marga kurang ngati-ati.
Wegahan sikatan.
Kerep mangan panas tuwin,
yen ngombe es ra ukuran.

16