Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/25

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 3

A. Pacelathon
Tindakna!


Lara Untu
Hanip : Aguh, aguh! Ungkuku, aguh! Heh!
Itak : Buk, mas Anip untune lala.
Ibu : Lha iya, Tak. Kae marga mas Hanip ora
sregep sikatan.
Bapak : Nip, untu kok abuh, sing abuh ki rak gusi.
Mula sing sregep sikatan.
Itak : Guci ki apa, Pak? Kok abuh.
Ibu : Tak, Tak. Nek guci ora bisa abuh. Sing
abuh kuwi gusi. Lucu Tak, kowe.
Itak : Lha iya gu.....guci. Itak la ica kok, Bu.
Hanip : Tak, aja nggoga. Gilo gusiku aguh sageng-
kolan.
Bapak : Nip, aja anyel. Karo Itak cah bayi we thik
korasakke.
Ibu : Lha wong Hanip ki padune lara, kabeh-
kabeh njur ora kekeberan, Pak.
Hanip : Aguh, aguh, Aane, heh!
Bapak : Kana ta, Bu. Mbok digawa nyang dhokter
gigi kana!
Hanip : Enggih, Gu. Gek enggal!


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep!

  1. Adhuh-adhuh angele, judheg aku!
  2. Adhuh-adhuh larane, tobat aku!
  3. Adhuh-adhuh mbelere, gumun aku!
  4. Adhuh-adhuh kesede, anyel aku!
  5. Adhuh-adhuh regede, sepet aku!

15