Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wah, tujune ana barengane!
  2. Wah, tujune wis rampung!
  3. Wah, tujune cepet waras!


II. Maca titi


A. Wacanen sing titi!

Toko Buku

Saiki ing saben kutha ana toko buku.
Ing kutha-kutha kang kepara gedhe malah ana toko buku pirang-pirang lan warna-warna.
Ana toko buku sing mligi dodol buku-buku anyar, ana toko buku sing dodolane buku-buku lawas.
Kala mangsane golek buku ing toko buku anyar ora ana, sing ana malah ing toko buku sing dodol buku-buku lawas.

9