Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Wulangan 2

I. A. Pacelathon

Tindakna!

Toko Buku
Susi : Nyuwun arta, Bu!
Ibu : Bola-bali kok dhuwit bae. Kanggo apa maneh, Sus?
Susi : Badhe ningali, Bu!
Ibu : Hara ta, cah wadon arep, nunyal-nunyal
nonton. Ora pareng.
Susi : Hi hik, Ibu duka.
Ibu : Cah wadon arep umbar-umbaran, ya. Ora
takjuwehi sida dadi apa kowe.
Susi : Sampun duka rumiyin, Bu. Kula badhe.
ningali .....
Ibu : Nonton apa? Aja cengengesan.
Susi : Ningali buku dhateng toko buku kok, Bu!
Bapak : O, Sus, Sus! Ibu kok dibebeda. Sembrana
kowe!
Ibu : Lha iya ta, Pak. Susi ki yen ora ngono rak
ora lega.
Susi : Pareng boten, Bu?
Bapak : Mbok wis kono ta, Bu, gek diparingi. Karo
ta Susi we thik pangling. .
Ibu : Enya iki! Mengko jujule dicaoske Ibu, lho!
Susi : Inggih, Bu. Matur nuwun!


B. Wacanen kang patitis, lagune sing trep!

  1. Wah, tujune durung kebacut!
  2. Wah, tujune ora ilang!
    8