Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tuku buku aja nganti kleru. Tegese, aja kleru buku sing ora cocog karo sing kokarepake.
Tuku buku kudu ngerti: jenenge buku, kanggo ing pamulangan apa lan tumrap klas pira, jenenge, sing ngarang lan jenenge penerbit sing ngetokake buku kuwi.
Yen kabeh wis cetha, lagi mangkat menyang toko buku.
Lan, aja lali, sadurunge kogawa mulih prayogane buku kuwi kotiti dhisik, bokmanawa ana kacane sing kliwatan utawa rusak.


B. Wangsulana kang patitis!

  1. Ing ngendi ana toko buku?
  2. Toko buku ana rong warna. Coba aranana!
  3. Endi sing luwih pepak, toko buku sing dodolane buku-buku anyar apa toko buku sing dodolane buku-buku lawas?
  4. Yen kowe arep tuku buku, apa sing kudu kogatekake?
  5. Sadurunge kogawa mulih, buku sing kotuku kudu kotiti dhisik. Geneya?


III. Kawruh basa

A. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana tembung sing cocog, pilihen tembung sing cumawis ing ngisor!

  1. Bukune ..... supaya ora gelis reged.
  2. Adhine ..... supaya ora dicakot lemut.
  3. Dagangane ..... ing plastik supaya ora kebledugan.
  4. Tatune ..... ing mori putih supaya ora kena ing rereged.
  5. Jogane ..... ing jobin kembang.
  6. Pendhapane ..... ing babud.

10