Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/17

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Ancer-ancer

Karangan iku kudu cocog karo babe, Sing diandharake aja nyimpang saka lajere. Yen kakehan nylewenge banjur dadi ngayawara. Lumrahe karangan iku kena dibage dadi telu: bebukane, bakune lan panutupe. Sing dawa dhewe mesthi bae bakune, yaiku kang dadi gembunge karangan. Bebukane iku mung kanggo ancang-ancang, dene panutupe adate awujud pangarep-arep, pamuji utawa panjaluk. Karo-karone cukup cekakan bae.


7