Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/16

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

b. Aku diutus Bapak, ngaturake layang menyang Klurahan.

Ukara-ukara ing ngisor iki ngokokna kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Kula dipun timbali Budhe, dipun paringi angsal-angsal.
  2. Kula dipun utus Pakdhe, nderekaken Budhe dhateng Kantor Bank.
  3. Lanjar dipun dukani Pak Guru amargi boten purun nggarap PR.
  4. Rusli dipun dhawuhi ibunipun tengga griya.
  5. Kula dipun pundhutaken Bapak buku ”Catur”.
  6. Drajad dipun dangu Pak Mantri, punapa semerep dalemipun Pak Taru.
  7. Kula badhe sowan Pak Pringga, nyaosaken serat ulem.
  8. Embah tindak mriki, ngendikakaken anggenipun badhe minggah kaji.
  9. Pak Guru kula aturi pinarak boten kersa.
  10. Fatimah dipun utus ibunipun tumbas obat dhateng apotik.


IV. Tulisen nganggo aksara Jawa!

1. pating gremet 6. patting plinguk
2. sapi brenggala 7. pating plungker
3. ngingu trewelu 8. sasi Rejeb
4. nyukur brengos 9. Rebo Kliwon
5. nyunggi kreneng 10. Minggu Legi

V. Gawea karangan cekak aos, miliha salah siji irah-irahan ing ngisor iki!

  1. Bocah kesed.
  2. Bocah sregep.
    6