Kaca:Wulang Basa Jilid 5.pdf/15

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Pasinaonipun Dhidhik majeng.
  2. Bijinipun racakipun pitu.
  3. Matematikanipun ketingal onjo.
  4. Saben dinten dhatengipun boten nate kasep.
  5. Manawi ngantos gothang eman-eman.
  6. Dhidhik punika nurutan lan nrimah.
  7. Sadaya wau saya damel maremipun tiyang sepuh.
  8. Pak Manap sekaliyan marsudi sanget dhateng pasinaoning anak.


D. Tuladha?

  1. Sanajan sakit, Dhidhik ..... .
  2. Sanajan sakit, Dhidhik mlebet sekolah.

Ukara-ukara ing ngisor iki rampungna kaya tuladha ing dhuwur!

  1. Sanajan reginipun awis, buku punika .....
  2. Sanajan griyanipun tebih, Widada .....
  3. Sanajan kekirangan, Parmun .....
  4. Sanajan sampun wongsal-wangsul dipun emutaken, Mukti .....
  5. Sanajan jawah, Bapak .....
  6. Sanajan hawanipun asrep, adhi kula .....
  7. Sanajan sampun dipun dunung-dunungaken. Yanti meksa .....
  8. Sanajan ing batos boten sarujuk, Anwar .....
  9. Sanajan sampun dangu boten pinanggih, kula .....
  10. Sanajan sampun ngatos-atos, Ramli .....


E. Tuladha:

a. Kula dipun utus Bapak, ngatenaken serat dhateng Klurahan.

5