Kaca:Winih Semi.pdf/151

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rian Rosita Luthfi, siswi SLTP 1 Imogiri ing Pos Imogiri, Imogiri, Bantul. Rian remen sangat ngempalaken prangko-prangko, menapa malih ingkang saking manca negari. Siswi kelas III E ingkang nembe sepisan nggladhi geguritan menika, rumaos manggihaken pengalaman enggal ing Bengkel Sastra Jawa. Putri kelairan Bantul, 22 Mei 1988 ingkang ngrasuk agami Islam, dedalem ing Garjoyo, Imogiri, Bantul.

Sihono lairan Bantul tanggal 7 Maret 1988. Jejaka ingkang remen plesir menika, ngakeni bilih tumut Bengkel Sastra Jawa, manggih pengalaman enggal. Piyambakipun lajeng radi lancar medharaken gagasan-gagasan bab panggesangan ing salembar gurit. Saking griya, Butuh Lor, Triwidadi, Pajangan dumugi Krebet, Sendangsari, Pajangan, papan pasinaonipun, Sihono nyengklak bus. Murid kelas III B SLTP 3 Pajangan menika ngrasuk agami Islam. Pengalaman utawi gagasanipun Sihono samenika mboten namung kawedharaken lumantar coretan-coretan gambar kados kala wingi, nanging tambah dados gurit-gurit ingkang endah.

Sukmawati lairan Bantul nalika tanggal 16 Januari 1988. Putri kelas III C menika ngrasuk agami Islam. Sukmawati sekolah ing SLTP 3 Pleret. Saking dalemipun ing Klaron, Segoroyoso, Pleret, Bantul dumugi papan pasinaonipun Jembangan, Segoroyoso, Pleret, Bantul, Sukmawati numpak kendaraan umum. Sukmawati ingkang nggadhahi hobi maos, rumaos pepak pengalamanipun salebetipun ndherek kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Kejawi saged sinau maos geguritan, piyambakipun dados kendel nyobi damel geguritan. Sukmawati ugi lajeng mangertosi tokoh-tokoh ingkang gamben damel crita cekak utawi crita landhung, ingkang dereng nate dipunsumerepi.

Winih Semi

143