Kaca:Winih Semi.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Tangan


Mbokmenawa
tanganku kinodrat kanggo nyenyadhong.
ketara yen nggegem kemancing mati

Tanganku adoh saka kuping
mula tan krungu swara ngrerintih.
Tanganku adoh saka mripat
mula tan weruh pawongan ngalumpruk.
Tanganku adoh saka ati
mula tan darbe rasa asih.

Mbokmenawa
tanganku manuh diugung
ketara yen nabok
nyilih tanganing liyan.

Helaja waton muni
obahing tangan gambaraning ati!

(Djaimin K.)