Kaca:Winih Semi.pdf/150

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rayi Denok Sunestri ingkang dedalem ing Kaloran, Sidomulyo, Bambanglipuro. Putri Bantul kelas III C menika lairan tanggal 30 Juni 1988. Denok sregep salat lan remen ngaji. Siswi SLTP 2 Bambanglipuro menika mesti dipunteraken bapakipun menawi bidhal sekolah ing Plebengan, Sidomulyo, Bambanglipuro, Bantul. Denok ugi remen nguri-uri kabudayan Jawa, mliginipun bab tari. Namung piyambakipun ugi kepingin nggegulang sastra Jawa, kadosta geguritan. Pramila, Denok remen sanget kapilih makili sekolahipun tumut Bengkel Sastra Jawa. Pranyata hobinipun nari saget kangge ngregengaken acara penutupan Bengkel Sastra Jawa. Denok ugi ngrumaosi bilih piyambakipun kedah tansah sregep latihan supados ketrampilan ugi kekendelanipun nari lan maos guritan saya sampurna.

Reftina Kustyaning Astiwi satunggaling putri ingkang mboten nglirwakaken bab seni lan kasusastran Jawa. Reftina saya mongkog rikala guru sekolah dhawuh tumut kegiyatan Bengkel kangge nyinau bab puisi Jawa, jer dereng nate tumut babar pisan. Putri Bantul kelairan tanggal 13 Juli 1989 menika ngrasuk agami Islam. Salajengipun kanthi niat ageng Reftina bidhal saking griya, Tangkil, Srihardono, Pundong tumuju SLTP 1 Sewon, pendhak dinten Minggu ngantos tanggal 28 Juli 2002 saperlu nggegulang puisi Jawa. Siswi kelas II B SLTP 1 Pundong ing Panjangrejo, Pundong, Bantul menika kalebet mempeng kepengin mupuk hobinipun nari lan nguri-uri kabudayan Jawa srana sregep tumut lomba-lomba senitari utawi lomba macapat tingkat sekolah.

142

Winih Semi