Kaca:Winih Semi.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pariman kelairan Bantul, tanggal 9 Mei 1988, ngrasuk agami Islam. Siswa SLTP 2 Pajangan II A menika sregep ngaji wonten mesjid. Pendhak enjing kaliyan kanca sabarakanipun, Pariman mlampah saking griya Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul tumuju sekolahanipun ing Pajangan, Triwidadi, Pajangan, Bantul. Sewau Pariman gojag-gajeg rikala dipundhawuhi gurunipun tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Namung sareng mangertos kathah rencangipun saking se- kolah-sekolah sanes ingkang ketarik tumut kegiyatan Bengkel, Pariman dados kesengsem ugi. Pariman ingkang nggadhahi sipat lingsem dados malih kendel salebetipun tumut kegiyatan Bengkel. Kepara saged dados peserta ingkang terkenal lucu lan lugunipun. Pariman ugi ngakeni pikantuk pengalaman enggal ndamel lan maos geguritan ingkang dereng nate babar blas dipunlampahi.

Prasi Aji Rahayu, lenggah ing Gading, Lumbung, Donotirto, Kretek, Bantul kaliyan tiyang sepuhipun. Putri kelairan Bantul, rikala 24 April 1989 menika ngrasuk agami Islam. Siswi kelas III A SLTP 1 Kretek, Bantul menika nggadhahi keremenan maos. Dipunakeni ugi bilih Prasi dereng nate dipunwuruk bab geguritan wonten sekolah. Pramila piyambakipun remen sanget nampi kalodhangan tumut Bengkel Sastra Jawa. Menapa malih dipunwulang ugi bab kadospundi maos guritan ingkang sae. Tumuju sekolahipun ing Donotirto, Kretek, Bantul, Prasi bidhal sareng kanca-kancanipun.

Winih Semi

143