Kaca:Winih Semi.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Novi Tri Utami minangka siswi SLTP 1 Bambanglipuro, Bantul kapilih makili se-kolahanipun kangge tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Putri Yogya kelas II C kelairan tanggal 17 November 1988 menika ngrasuk agami Islam. Saking dalemipun ing Grogol, Carikan, Mulyodadi, Bambanglipuro, Bantul, Novi saben dinten tumuju Nglarang, Mulyodadi, Bambanglipura, Bantul saperlu nggayuh ilmu. Novi ingkang remen olah raga voli menika rumaos saya tambah seserapanipun bab geguritan sasampunipun kagladhi ing Bengkel Sastra Jawa.

Pandu Asmara, satunggaling jejaka kelairan Bantul rikala tanggal 7 Juni 1988. Piyambakipun ngrasuk agami Islam. Murid SLTP 1 Srandakan menika ugi mempeng ngregengaken kegiyatan mesjid, mbimbing adik-adik sinau ngaji wonten TPA. Pendhak enjing saking Jalan Srandakan RT 05/RW 52, Trimurti, Srandakan, Bantul griyanipun, Bayu bidhal sekolah nyengklak kendaraan umum tumuju Nengahan, Trimurti, Srandakan, Bantul. Pakulinan mabuk tumrap lare enem sanget dipungethingi Bayu. Kangge ngedalaken uneg-uneging manahipun wau, Bayu nyobi damel gurit ingkang paring pemut dhumateng generasi mudha agenging bebaya saking tuak utawi minuman keras. Kangge njembaraken wawasan anggenipun dados muslim, Bayu remen tumut ceramah utawi diskusi rohani Islam. Pengalaman enggal salaminipun tumut kegiyatan Bengkel kejawi tambah kanca enggal, ugi saya pinter maos gurit.

140

Winih Semi