Kaca:Winih Semi.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Latifa Khoirun Nissa, putri salehah kelairan Bantul rikala tanggal 7 Desember 1988. Latifa ngakeni bilih dereng nate nggepok senggol kaliyan puisi Jawa. Pramila rikala kapilih guru pembimbingipun supados tumut kegiatan Bengkel setunggal wulan, Latifa kesengsem lan remen manahipun. Latifa saya mantep tumut kegiyatan Bengkel amargi mboten ngganggu pasinaonipun, jer kegiyatan wau namung pendhak dinten Minggu. Putri ingkang saya manis mawi krudhung menika dedalem ing Kurahan, Murtigading, Sanden, Bantul. Saben tumuju sekolah ing Murtigading, Sanden, Bantul, Latifa mlampah piyambak. Dene rikala tumut kegiyatan Bengkel, Latifa bidhal numpak kendaraan umum. Siswi SLTP 1 Sanden kelas II menika pranyata nggadhahi bakat unggul pentas ing panggung. Kelantipan lan kekendelanipun akting maos geguritan sayektos damel sengsem, kabukten dados juara maos guritan rikala kegiyatan bengkel. Latifa ngakeni bilih kathah sanget paedahipun tumut Bengkel Sastra Jawa saengga saya ageng krentegipun tumut lomba maos geguritan sawayah-wayah.

Muliwanti putri ingkang remen maos buku-buku crita roman. Putri Bantul, kelairan tanggal 29 Oktober 1987 menika ngrasuk agami Islam. Saking griyanipun ing Kweni, Panggungharjo, Sewon, Bantul, Muliwanti numpak bus umum tumuju sekolahanipun ing Jalan Parangtritis km 7 Sewon, Bantul. Muliwanti remen sanget makili SLTP 1 Sewon tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa. Siswi kelas III menika dados saged mangertos caranipun maos lan damel gurit ingkang sae. Gegadhanganipun, Muliwanti kepingin sanget baut nyipta guritan. Pramila, piyambakipun krenteg sregep latihan ngantos dados penggurit moncer.

Winih Semi

139