Kaca:Winih Semi.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Karyatun satunggiling wanita lairan 2 Maret 1987 menika sekolah ing SLTP YP Sanden. Hobinipun masak kapeksa radi kapunggel sekedhap rikala tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa pendhak dinten Minggu saking tanggal 7--28 Juli 2002. Karyatun remen sanget saya jembar wawasanipun. Kejawi saged maos geguritan, Karyatun ugi lajeng mangertosi penggurit-penggurit moncer ingkang tansah nggegulang sastra Jawa. Pengalaman enggal ingkang ngedab-edabi rikala kapurih damel geguritan langkung saking setunggal. Saking pengalaman wau, Karyatun pitados bilih piyambakipun saged nyipta gurit sae menawi sregep latihan nyerat. Salaminipun tumut Bengkel, saking griyanipun ing Genting, Tirtomulyo, Kretek, Bantul, Karyatun numpak bus umum tumuju SLTP 1 Sewon, semanten ugi menawi bidhal sekolah ing Sanden, Murtigading, Sanden, Bantul.

Kusniyati kelairan Bantul, tanggal 17 Agustus 1987. Putri lencir cemeng menika ngrasuk agami Islam. Saking griyanipun ing Sudimoro, Timbulharjo, Sewon, Bantul dumugi sekolah ing Jalan Parangtritis km 7 Sewon, Bantul. Kusniyati sarengsareng kaliyan kancanipun. Siswi SLTP 1 Sewon menika nggadhahi hobi maos. Namung piyambakipun ngakeni bilih dereng nate maos majalah Jawa. Kejawi mboten ketarik ugi radi rekaos maosipun. Menapa malih kaliyan pengarang-pengarang Jawa, babar blas mboten mangertos. Siswi kelas III E menika kraos adhem ayem kemawon tumut Bengkel Sastra Jawa. Namung dipun akeni bilih salaminipun tumut kegiyatan bengkel, Kusniyati lajeng saget medharaken kasisahan saha kabingahanipun wonten gurit anggitanipun.

136

Winih Semi