Kaca:Winih Semi.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Pramila mboten wonten wekdal ingkang kangge nganggur. Menapa malih sareng tumut Bengkel Sastra Jawa, Febri saged ningkataken bakatipun maos geguritan. Putri ingkang kendel menika nggadhahi tanggal kelairan 14 Februari 1989 ing Bantul. Siswi kelas III A SLTP 1 Kretek menika saking dalemipun Gading, Donotirto, Kretek, Bantul tumuju sekolah ing Donotirto, Kretek, Bantul mawi kendaraan umum.

Galuh Anduka Sari, putri Bantul kelairan tanggal 8 Februari 1988. Putri ingkang sregep ngaji menika sekolah ing SLTP 4 Pandak. Galuh ingkang remen nari, rumaos mongkog saged nggadhahi wekdal tumut Bengkel Sastra Jawa. Galuh ngakeni bilih pengalaman nggegulang puisi Jawa wonten remenipun senaosa radi angel amargi dereng kulina. Murid kelas III A menika bidhal saking Patran, Gilangharjo, Pandak, Bantul dumugi sekolah ing Ngaran, Gilangharjo, Pandak, Bantul numpak kendharaan piyambak. Galuh ugi remen neter lan majengaken bakatipun saengga nate dados juara III Pidato se-Kecamatan. Putri lencir manis menika remen sanget tetepangan kaliyan kanca-kanca sabarakan ing Bengkel Sastra Jawa. Tumrap peserta Bengkel ingkang badhe nglajengaken reraketan pasedherekan kaliyan Galuh kaaturan ngebel HP 081 5688 1179.

Imam Wicaksono, putra kakung ingkang kalairaken ing Bantul rikala tanggal 22 Agustus 1988. Jejaka soleh ingkang sregep netepi kewajiban minangka umat muslim menika dedalem ing Jalan P. Senopati, Karasan, Palbapang, Bantul. Ingkang kepengin pitepangan saged muter telepon 367373. Pasinaonipun wonten SLTP 1, Jalan R.A. Kartini 44 Jebugan, Bantul, Telepon 367319. Murid ingkang nembe minggah klas II A nggadhahi hobi maos crita-crita, mliginipun bab lelembut.

Winih Semi

137