Kaca:Winih Semi.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Eni Widyaningsih remen sanget maos buku, surat kabar, cerbung, utawi novel. Namung piyambakipun dereng nate nggepok senggol bab geguritan utawi puisi Jawa. Pramila rikala dipundhawuhi guru pembimbingipun saking SLTP 1 Imogiri, Eni lajeng nyanggupi, jer kepingin sanget mangertosi kados pundi kiprahipun kegiyatan Bengkel Sastra Jawa menika. Putri Bantul kelairan tanggal 21 Juli 1988 menika sregep ngibadah salat. Dalemipun ing Demen, Sriharjo, Imogiri, Bantul kathah koleksi buku crita. Eni ingkang minggah kelas II C tumuju papan pasinaonipun ing Pos Imogiri, Imogiri, Bantul mawi kendharaan umum.

Erlina Puji Rahayu murid SLTP 4 Bantul menika ngrasuk agami Islam. Pendhak dinten sregep bidhal saking Deresan, Ringinharjo, Bantul tumuju ing pamulanganipun wonten Jalan R.A. Kartini 46, Jebugan, Bantul kanthi pangajeng-ajeng saya tambah dinten saya tambah seserapanipun. Kabukten Erlina kapilih makili sekolah tumut Bengkel Sastra Jawa supados tambah pepak ilmu gegayuhanipun. Murid kelas III B menika lair 13 Maret 1988 ing kitha Bantul ugi. Senaosa keremenanipun olah raga basket, namung Erlina kapilut ugi nggegulang bab geguritan.

Febriana Candra Dewi setunggaling murid ingkang sregep lan pinter ngaji. Putri cemeng alit lan manis menika sampun nggadhahi prestasi kathah, antawisipun nate dados (1) Juara I Pidato Bahasa Indonesia Tingkat Kabupaten, (2) Juara I Baca Puisi ing Sekolah, lan (3) Juara I Pidato Bahasa Indonesia. Febri remen maos sawernaning buku, kejawi menika ugi nggadhahi hobi ngegulang tari.

136

Winih Semi