Kaca:Winih Semi.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Dwi Astuti, putri Bantul kelairan tanggal 23 Oktober 1987. Salah satunggaling murid SLTP 2 Kretek, Bantul, kelas III B menika ngrasuk agami Islam. Mbak Dwi ingkang nggadhahi hobi mirsani TV menika, sadhar bilih piyambakipun kedah saged njembaraken wawasan ingkang gegayutan kaliyan pasinaonipun. Pramila rikala dipundhawuhi guru pembimbing supados tumut Bengkel Sastra Jawa, Mbak Dwi purun nilar sekedhap acara-acara TV dinten Minggu ingkang sae-sae kala wau, saperlu pitepangan kaliyan geguritan. Salajengipun margi rutin saking ndalemipun Samiran, Parangtritis, Kretek, Bantul tumuju sekolah ing Parangtritis, Kretek, Bantul, wiwit tanggal 7--28 Juli 2002, pendhak dinten Minggu kaputer tumuju dhateng SLTP 1 Sewon.

Efit Doriyana kelairan Yogyakarta, tanggal 30 Juni 1989. Siswi kelas II C SLTP 2 Banguntapan, Bantul, remen sanget saged dherek Bengkel Sastra Jawa amargi nembe sepisan menika saged nggegulang bab geguritan. Saking Plumbon RT 11/15, Banguntapan, Efit numpak bis umum tumuju SLTP 1 Sewon, Bantul, pendhak dinten Minggu supados saged ngleluri bab sastra Jawa. Siswi ingkang sregep salat menika saben bidhal sekolah. ing Karangsari Wetan, Banguntapan, Bantul, ugi mawi bis umum. Keremenanipun maos, sanget migunani anggenipun nyobi ngasah otak nyipta geguritan.

Winih Semi

17