Kaca:Winih Semi.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Danang Kumorojati kalebet jaka ingkang gagah inggil, senaosa radi cemeng. Mas Danang lair ing Bantul, tanggal 27. Juni 1987. Jaka menika sregep dhateng mesjid lan nggadhahi hobi maos buku crita, mliginipun crita detektif. Kangge nambah kawruh, Danang kepingin mangertosi jagading wacan sastra Jawa saengga ketarik manahipun rikala guru dhawuh tumut Bengkel Sastra Jawa. Salajengipun pendhak Minggu saking Siluk I, Selopamioro, Imogiri, Bantul, Danang nyegat bus umum tumuju SLTP 1 Sewon saperlu pitepangan kaliyan geguritan. Siswa SLTP 3 Imogiri kelas III A menika bidhal tumuju sekolahanipun ing Lanteng, Selopamioro, Imogiri, Bantul mawi kendharaan piyambak.

Dawami lair ing Bantul, tanggal 30 Desember 1987. Piyambakipun sregep ngaji menika ugi nggadhahi hobi pencaksilat. Saengga rikala latihan vokal ing Bengkel Sastra Jawa. Dawami mboten kangelan jalaran sampun kulina. Siswa SLTP Muhammadiyah Kasihan menika bidhal sekolah ing Senggotan, Kasihan, Bantul numpak kendharaan umum, semanten ugi wangsulipun. Piyambakipun nembe minggah kelas II menika alamatipun ing Gesikan, Panggungharjo, Sewon, Bantul. Tumut kegiyatan Bengkel Sastra Jawa kalebet pengalaman enggal, mekaten pangudaraosipun. Radi kangelan ugi Dawami damel geguritan, lan nembe sepisan menika nggegulang puisi Jawa. Bab maos geguritan, Dawami kirang remen ugi. Ingkang baku jejaka menika sampun purun nyobi tetepangan kaliyan puisi Jawa.

134

Winih Semi