Kaca:Winih Semi.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NYAWANG DHEDHERAN WINIH
Geguritan karyane bocah-bocah SLTP sak-Bantul taun 2002 iki pancen komplit. Werna-werna cakrike. Uga maneka warna gayane. Kabeh, sajak kena perbawa puisi Indonesia. Bab iki, pancen ora bisa diselaki, merga ana saperangan SLTP --nalika dak takoni-- ngaku durung tau diwulang geguritan babar blas dening gurune. Ajameneh nulis geguritan, selagine maca wae isih ana sing durung ditepungake.
Mung wae, bareng oleh katrangan seka bengkel geguritan kaping papat efektif, sing mapan ing SLTP 1 Sewon -- katone wis dha bisa nulis geguritan. Ora ketang karyane isih kurang "alus" lan jembar wawasane, ora dadi apa. Jer jembaring kawruh mau uga kedayan wacan sing wis tau diemplok bebasane. "Alusing" penganggit, bakal bisa dibesut srana latihan bola-bali, nganti ora ngrasa jeleh. Yen jelehan, apameneh mutung, asile ngripta geguritan mesthi wae kurang ngyiyit.
Kepriyea wae, aku wis melu mongkog. Cumeprote karya-karya ing antologi iki, mbuktekake - yen satemene nulis geguritan kuwi “gampang". Gampang banget. Angger bisa dolanan tembung wae, Bisa. Yaiku dolanan tembung kang ngemu tujuan mligi, ngemu estetika, lan ngoyod ing daya batin. Ora mung kaya tukang nata bata seka obongan utawa seka ndhuwur treg - sing adate kurang nyeni.
Sing marahi seneng, paling ora, seka antologi iki pembaca bakal ngerteni pirang-pirang bab sing dadi underan karya siswa SLTP. Gelem apa ora, kudu diakoni -yen sing paling kerep kesrambah ing daya kreasine bocah mau, okeh-okehe jebul (kudu) kahanan sing gampang dipethuki saben dinane. Mula, njur ana geguritan sing ngramut bab: buku, guru, mulih sekolah, lan sapanunggalane. Geguritan ngene iki sing paling cedhak banget karo donyane bocah kasebut. Iki nggambarake yen penyair mono,

Winih Semi

107