Kaca:Winih Semi.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

NARKOBA

ora lanang ora wedok
ora enom ora tuwa
ora sugih ora mlarat
kabeh padha ketaman
ketaman kasangsaran
kasangsaran donya akherat

amarga kowe akeh wong nekat
amarga kowe akeh penjahat
amarga kowe jiwa raga kesrakat
pungkasane urip kelangan nyawa
ngicipi naraka

Dhuh Gusti
abot pacoban-Mu iki
aku ora bisa polah
mung nyenyuwun
marang Sliramu
kang Maha Kuwasa

106

Winih Semi