Kaca:Winih Semi.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
pancen angel uwal seka donyane. Penyair kuwi okeh- okehe pancen ora ngambah alam kosong.
Seka geguritan mau, upama digerba ngono ana pirang- pirang wilayah garap sing narik kawigatene bocah SLTP. Sepisan, ana saweneh geguritan sing nggambarake lingkungan thekliwering sekolah, kayata: Buku karya Karyatun, Guruku karya Kusniyati, Mulih Sekolah karya Rian Rosita Lutfi, Guru karya Bayu Handoko, Guru karya Eny Widyaningsih, Buku karya Reftina Kustyaning Astiwi, Buku karya Puji Rahayu. Geguritan kasebut lumrahe isi wujud panyandra sing becik-becik, kebak pengalem. Arang sing wani nglukisake ceweting guru. Iki nuduhake menawa alam pikirane penyair isih kawengku dening kahanan. Penyair durung bisa maca realitas kang sa- benere. Suwalike, dheweke isih seneng ndeleng kahanan lamba lan sing becik-becik.
Kapindho, penyair isih seneng nggambarake lelakon sing nembe dialami dhewe. Seka arah iki, nuduhake menawa penyair isih rupeg wawasane. Durung bisa njebol alam liya sing ora kesrambah wong liya. Kudu didhadha, menawa pengalaman pribadi pancen garapan sing paling cedhak lan kepenak - timbang blasakan golek ilham tekan jagad liya. Mung wae, yen ngene iki ora digladhi mbaka sethithik, penggurit bakal dadi penyair kamar lan penyair kesed. Seka arah iki terus muncul geguritan Dosa karya Kusniyati, Kangenku karya Danang K, Nelangsa karya Prihantoro, Kasmaran karya Andi Prihantoro, lan sapa- nunggalane. Kabeh gegambaran mau, mujudake potret psikologis. Apa wae sing nembe dialami, kerep dadi poking gagasan. Iki uga ora kleru, jer penyair mono pancen ora bisa uwal seka wawasan psikologis. Kembang-kembange jiwa kadhang nggodha lan banget nggaret ati, mula terus diwujudi ing geguritan. Mung wae, yen geguritan cengkok ngene iki kurang digarap mentes, kadhang terus mung wujud romantika entheng-enthengan.

108

Winih Semi