Kaca:Winih Semi.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

DOSA KAMBIL


kepriye aku
yen kadosan kaya kambil
ngadhepi pasiksan kang abot
diuntir saka gagange
ditibakake saka uwite
bareng tekan ngomah
kulite disumbat
digepuk
dicukili
isih kurang trima
diparut
diperes
banjur digodhog
Dhuh Gusti
paringa pangapura
aja kaya kambil
urip ing naraka

Winih Semi

105