Kaca:Wasis Maca 6.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-3-

Wm-6-

1. Manuk Cendrawasih


 Dhek taun 1551, Raja Bacan ngirimake tandha-mata marang Raja Karel V ing Spanyol. Yaiku wit cengkeh 200 lan manuk cendrawasih 2. Ditipake kapal Spanyol Magelhaen.

Manuk Cendrawasih sing dikirimake mau wis digaringake.

 Nalika taun 1556, pedagang-pedagang Portugis kang nukoni cengkeh lan pala saka Maluku, uga nukoni manuk-manuk cendrawasih garing kang asale saka Irian lan kepulowan Aru.

 Sing dialap wulune sing endah banget iku. Saking apike, manuk mau diarani manuk syorga utawa suwarga.

Sing wulune apik yaiku manuk sing lanang. Sing wadon ora pati apik warnane. Wulune manuk cendrawasih lanang mau, ing awake warna sawo mateng lan endhase kuning emas. Gulune biru campur gilap.

 Ing gegere ana elare loro warnane sawo mateng. Iku dadi elar buntut kang dawa nglewer, babarengan karo elar-elar buntut liyane kang warnane kuning emas.

Manuk cendrawasih mau pirang-pirang jinise. Ana sing wulune warna kuning camour ijo, swo mateng campur ijo, ana sing biru babar pisan.

Ana sing jambule enem. Kabeh jinis katon endah.

Papane ing Irian Jaya lan kepulowan Aru sakulon Irian. Wong Eropah lan Amerika seneng banget marang manuk cenderawasih sing wis digaringake.