Kaca:Wasis Maca 6.pdf/4

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-2-

PURWAKA

  Nuwun, pandhapukin bab-bab ing Buku-buku Wasis Maca punika dipun larasaken kaliyan Kurikulum enggal lan Modes ( Modernisasi Desa ). Wosipun dipun-angkah sagede saben wulungan ngewrat bab-bab ingkang saged nggigah manahipun lare-lare. Remen dhateng kamajengan, remen dhateng sadhengah karya. Karya punapa kemawon, sauger khalal lan ambekta kamajangan tumprap pribadhinipun saha bebrayan, ingkang saged ngirangi cacahing panji klanthung.

  Makaten ugi sageda nanamaken mental enggal dhateng lare-lare, liripun sageda lare-lare kadunungan greget lan semangat nggayuh majeng, boten marem manawi tnasah nrimah lan mlempem saha dheleg-dheleg kemawon.

  Wusana kita sumanggakaken dhateng kanca-kanca Guru, ingkang sampun wasis lan trampil pundi sagedipun mingunaken Wasis Maca punika ingkang saged murakabi.

Pangripta.