Kaca:Wasis Maca 6.pdf/6

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

-4-

 Wiwit taun 1556 nganti taun 1900, atusan ewon manuk cendrawasih kang ditukoni dening pedagang-pedagang Eropah lan Amerika. Sangsaya wiwit taun 1910, nalika nyonyah-nyonyah padha seneng-senenge ngaggo topi kang direngga nganggo wulu manuk cendrawasih. Luwih akeh maneh sing diekspor saka Irian Jaya lan Ternate.

 Nalika taun 1911 ana 50.000 kang diekspor saka Manokwari. Pasar lelangane ing London lan New York. Ing pasar lelang mau ora kurang saka 5.800 manuk cendrawasih kang kagolong apik-apik.

 Manuk-manuk cendrawasih iku uripe nggrombol ing pucuking wit gedhe-gedhe. Pakane bangsane kepik kang manggon ing pang-pange wit-wit gedhe mau.

 Gamane wong Irian Jaya lan kepulowan Aru kanggo mbebedha sing akeh tulup dawa.

Esuk-esuk wis padha ndhelik ing pang-pang. Sing padha mbebedhag mau, tukang tulup pilihan.

 Mulane dipilih tulup, sabab ora nywara. Grombolan manuk liyane ora kaget dening swaraning tulup. Isih kena dicedhaki.

 Saanadyan sing ditulup mung sing lanang-lanang, ewa semono yen setaune nganti atusan ewon sing dipateni, suwe-suwe manuk cendrawasih iku bisa cures.

Tujune modhe topi nganggo wulu manuk cendrawasih iku wiwit taun 1925 wis suda.

 Nalika taun 1915, pamarentah Hindia Belanda wis nguwatirake uripe manuk cendrawasih. Mula dianakake undhang-undhang kang ngayomi manuk-manuk cendrawasih ing Irian lan kepulowan Aru. uga pamarentah Republik Indonesia iya nglestarekake undhang-undhang mau.

 Eman banget yen manuk kang endah iku mau nganti cures.


 ----=oOo=----