Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/47

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Wunguné, Enggoné Ngetingal Lan Sumengkané Ing Swarga

46

dak ndhisiki lakumu menyang tanah Galiléa. Ing kana kowé bakal ketemu karo Panjenengané! Padha élinga marang sing dakkandhakaké marang kowé iki!"

 Para wong wadon mau ruli énggal-énggal padha mangkat saka ing pesaréan kono, kanthi rasa wedi campur bungah. Lakuné rikat banget, sebab selak kepéngin mènèhi weruh marang para muridé Gusti Yesus bab lelakon kuwi mau.

 Dumadakan Gusti Yésus methuki wong-wong wadon mau lan ngandika: "Salam." Wong-wong mau nuli padha nyedhaki, banjur padha nyungkemi sampéyané! Gusti Yésus banjur ngandika: "Aja padha wedi. Balia ngandhani sedulur-sedulurKu, supaya padha mangkat menyang ing tanah Galiléa. Ing kono bakal padha ndeleng Aku."


Gusti Yesus ngetingal marang para sekabaté

Yoh. 20:19-23

 Ing dina Minggu kuwi uga, nalika wayah bengi, para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul ana ing sawijining omah; lawang-lawangé dikunci kabèh, awit padha wedi marang penggedhéné wong Yahudi. Dumadakan Gusti Yésus rawuh ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabeh."

 Sawisé ngandika mengkono nuli nedahaké astané lan lambungé. Bareng weruh Gusti Yésus, para sekabat mau padha bungah banget. Gusti Yésus nuli ngandika sepisan menèh marang para sekabat mau: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh. Kayadéné enggonku diutus déning Sang Rama, mengkono uga Aku ngutus kowé." Sawisé ngandika mengkono, para sekabat nuli padha didamoni karo dipangandikani: "Padha nampanana Roh Suci. Menawa kowé ngapura dosané wong, dosa mau uga diapura déning Gusti Allah; lan menawa kowé netepaké dosané wong, dosa kuwi uga ditetepaké déning Gusti Allah."


Gusti Yesus ngetingal marang Tomas

Yoh. 20:24-29

 Tomas (sing uga ketelah Didimus, utawa 'wong kembar') kuwi panunggalané sekabat rolas; nalika Gusti Yésus ngetingal marang para sekabat, Tomas ora mèlu ngumpul. Mulané para sekabat liyané nuli kandha marang Tomas: "Aku wis padha ndeleng Gusti!"

 Nanging Tomas mangsuli: "Yèn aku durung ndeleng tilasing paku ing astané lan durung ndemèk tatu sing ana ing astané mau nganggo drijiku dhéwé sarta durung nggrayang lambungé nganggo tanganku, aku durung ngandel."

 Wolung dina sawisé kuwi para sekabaté Gusti Yésus padha ngumpul menèh ing omah mau; Tomas uga ana. Lawangé kabèh padha dikuncèni. Nanging Gusti Yésus mlebet lan jumeneng ana ing tengah-tengahé para sekabat mau, karo ngandika: "Tentrem rahayu anaa ing kowé kabèh!" Gusti Yésus nuli ngandika marang Tomas: "Delengen tanganKu, endi drijimu, sing arep kokenggo ndemek tatu ing tanganKu. Endi tanganmu, grayangana lambungKu, kowé aja mangu-mangu, nanging precayaa!"