Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/46

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

45

Wunguné, Enggoné Ngetingal Lan Sumengkané Ing Swarga

kandha: "Pancèn bener, Wong iki Putrané Allah!"

 Ing kono uga ana wong wadon sawetara, sing padha nyawang lelakon mau kabèh saka kadohan, kayata: Salomé, Maryam Magdaléna. Maryam ibuné Yakobus sing enom lan Yosès. Wong-wong wadon kuwi sing tansah ngetutaké Gusti Yésus, sarta ngladosi nalika Panjenengané ana ing tanah Galiléa. Kejaba kuwi ing kono ana wong wadon akèh liyané menèh sing padha teka saka kutha Yérusalém, bebarengan karo Gusti Yésus.

Gusti Yésus kasarèkaké

Mrk. 15:42-47

 Ana warganing Pengadilan Agama sing kajèn kéringan, jenengé Yusuf, asalé saka Arimatéa, ngarep-arep kebabaré Pepréntahané Allah. Nalika semana mbeneri dina pecawisan, (yakuwi dina ngarepaké dina Sabat), mangka wayahé wis soré, mulané Yusuf mau nékad sowan ing ngarsané Gubernur Pilatus, nyuwun layoné Gusti Yésus. Bareng krungu yèn Gusti Yésus wis séda, Gubernur Pilatus gumun, banjur utusan nimbali sing jaga. Perwira mau didangu, apa wis suwé Gusti Yésus enggoné séda. Bareng wis nampa lapurané perwira mau, Yusuf diparengaké njupuk layoné Gusti Yésus. Yusuf banjur tuku mori kafan sing alus. Sawisé kuwi layoné Gusti Yésus nuli diudhunaké, banjur diulesi nganggo mori mau. Layoné tumuli disarèkaké ing kuburan sing isih anyar. Kuburan kuwi guwa sing ditatah ana ing pegunungan padhas. Sawisé mengkono, lawangé guwa banjur ditutup nganggo watu gedhé. Nalika semana Maryam Magdaléna lan Maryam ibuné Yosès, ndeleng lan ngreti papan sumaréné Gusti Yésus.

VII. Wunguné, Enggoné Ngetingal Lan Sumengkané Ing Swarga

Wunguné Gusti Yesus

Mat. 28:1-10

 Bareng dina Sabat wis kliwat, ing dina Minggu ésuk umun-umun, Maryam Magdaléna lan Maryam sijiné padha lunga niliki pesaréané Gusti Yésus. Dumadakan ana lindhu gedhé banget. Ana malaékat tumedhak saka ing swarga, banjur ngglundhungaké watu tutuping pesaréan, nuli lenggah ana ing watu mau. Pasuryané malaékat kuwi mencorung lan agemané putih memplak. Prejurit sing padha jaga ana ing kono, saking wediné, nganti padha gumeter lan pucet kaya wong mati.

 Malaékat mau nuli ngandika marang para wong wadon sing padha niliki pesaréan mau mengkéné: "Aja padha wedi! Aku ngreti yèn kowé padha nggolèki Yésus sing mentas disalib. Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu, cocog karo sing dingandikakaké dhèk biyèn. Coba delengen panggonan tilasé. Mulané padha énggal balia lan mènèhana weruh marang para muridé, yèn Panjenengané wis wungu, lan saiki tin-