Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/48

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

47

Wunguné, Enggoné Ngetingal Lan Sumengkané Ing Swarga

 Tomas nuli matur marang Gusti Yésus: "Gusti kawula, Allah kawula!"
 Gusti Yésus banjur ngandika marang Tomas: "Apa enggonmu precaya kuwi merga kowé wis ndeleng Aku? Begja wong sing padha precaya, senajan ora ndeleng Aku."
Gusti Yésus mékrad
Luk. 24:50-53
 Sawisé mengkono Gusti Yésus nuli ngajak para sekabat metu saka ing kutha Yérusalém, menyang ing sacedhaké désa Bètani. Ana ing kono Gusti Yésus nuli ngangkat astané lan mberkahi para sekabat. Sajroné mberkahi mau, Gusti Yésus kaangkat menyang swarga, pisah karo para sekabaté. Para sekabat nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané, nuli padha bali menyang kutha Yérusalèm klawan bungah banget. Para sekabat mau tansah padha ana ing Pedaleman Suci lan ngluhuraké Gusti Allah.
Maksudé buku iki
Yoh. 20:30-31
 Isih akèh mujijat-mujijat sing ditindakaké déning Gusti Yésus ana ing ngarepé para sekabat, sing ora kasebut ing Kitab iki. Olèhé ditulis ana ing Kitab iki, supaya kowé padha precaya yèn Gusti Yésus kuwi Sang Kristus, Putrané Allah. Lan supaya srana precayamu kuwi kowé padha urip merga saka pangwasané.