Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/41

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

40

lan uga marang RamaKu. Nanging sing mengkono kuwi, supaya kelakon apa sing wis ditulis ana ing Kitab Suciné wong-wong mau, surasané: 'Tiyang-tiyang menika sami sengit dhateng Kawula tanpa sebab."

 Nanging Sang Panglipur mau bakal rawuh ndhawuhaké bab kersané Gusti Allah, yakuwi Sang Roh Suci, sing miyos saka Sang Rama, sing bakal Dakutus marang kowé. Sang Roh Suci kuwi bakal maringi paseksi bab Aku. Kowé uga bakal padha dadi seksiKu, sebab kowe wis padha bebarengan karo Aku wiwit wiwitan mula."

Gusti Yésus ndedonga ing Gètsémané

Mat. 26:36-46

 Sawisé mengkono, Gusti Yésus banjur tindak, kadhèrèkaké para muridé, menyang panggonan sing disebut Getsémané. Ing kono Gusti Yésus ngandika karo para muridé: "Padha linggiha ana ing kéné dhisik, Aku arep mrana, ndedonga." Gusti Yésus nuli ngajak Pétrus lan anaké Zébedéus karo pisan, kadhawuhan ndhèrèk. Ing wektu kuwi Gusti Yésus katon sedhih sarta ajrih banget. Pangandikané marang para murid mau: "AtiKu sedhih banget, rasané kaya wong sing arep mati. Padha ngentènana ana ing kéné, lan Aku réwangana melèk."

 Gusti Yesus tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud sarta ndedonga: "Dhuh Rama Kawula, menawi kepareng, tuwung kasangsaran menika mugi kasingkirna saking Kawula! Nanging sampun pikajeng Kawula, namunga kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan."

 Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur murugi para muridé telu mau, nanging telu-teluné ketemu lagi padha turu. Gusti Yésus nuli ngandika marang Pétrus: "Apa kowé, wong telu, ora bisa ngréwangi Aku melèk, senajan mung sajam waé? Padha jumagaa lan padha ndedongaa, supaya kowe ora kalah karo panggodhaning Iblis. Roh mono kepéngin nglakoni kang becik, nanging daging kuwi sèkèng."

 Gusti Yesus nuli tindak kaping pindhoné lan ndedonga, aturé: "Dhuh Rama, menawi kasangsaran menika mboten Paduka singkiraken lan mboten kénging mboten kedah Kawula lampahi, inggih sumangga, mugi kersa Paduka kémawon ingkang kelampahan." Gusti Yésus nuli murugi para muridé menèh, nanging iya lagi padha turu, sebab mripaté mbliyut banget.

 Para murid mau nuli ditinggal menèh déning Gusti Yésus. Panjenengané nuli ndedonga kaping teluné. Pandongané kaya sing uwis. Sawisé mengkono banjur murugi para muridé menèh lan ngandika: "Apa kowe isih padha turu lan ngaso? Delengen! Saiki Putrané Manungsa kaulungaké marang pangwasané wong-wong dosa. Padha tangia, ayo padha lunga. Delengen! Wong sing arep ngulungaké Aku wis ana ing kéné."

Gusti Yésus dicepeng

Mat. 26:47-56

 Nalika Gusti Yésus lagi ngandika, Yudas, panunggalané murid rolas, teka. Bareng karo Yudas iya ana wong akèh padha teka, nggawa pedhang lan penthung. Wong-wong mau dikongkon déning para penga-