Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

41

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

reping imam lan para sesepuhé bangsa Yahudi. Yudas wis awèh tandha marang wong akèh mau, mengkéné: "Sing dakambung, yakuwi wongé. Cekelen!"

 Satekané ing panggonan kono, Yudas terus marani Gusti Yésus lan matur: "Sugeng dalu, Pak Guru!" Banjur ngambung Gusti Yésus.

 Pangandikané Gusti Yésus: "Sanak, kowé arep apa?"

 Wong akèh kuwi banjur padha maju sarta nyepeng Gusti Yésus. Ing kono ana salah sawijining wong sing ndhèrèkaké Gusti Yésus ngunus pedhangé, lan disabetaké marang abdiné Imam Agung, kena kupingé nganti perung. Gusti Yésus nuli ngandika marang pendhèrèk mau: "Pedhangmu rangkakna menèh, sebab kabèh wong sing matèni klawan pedhang, bakal mati déning pedhang. Apa kokkira Aku ora bisa nyuwun marang RamaKu, lan Panjenengané apa ora bakal sanalika ngutus malaékat luwih saka rolas devisi? Nanging saupama mengkono, banjur kepriyé bisané kelakon apa sing wis diweca ing Kitab Suci, yèn iki kabèh kudu kaleksanan kaya sing kelakon saiki?"