Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/40

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

39

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

mau bakal diklumpukaké lan dicemplungaké ing geni, sarta kaobong. Yen kowé nunggal karo Aku, lan piwulangKu koklakoni, kowe kepareng nyuwun apa waé sing kokkarepaké; panyuwunmu mau bakal dikabulaké. Yèn kowé metokakè woh akèh, RamaKu ing swarga diluhuraké; kuwi buktiné yèn kowé muridKu temenan. EnggonKu nresnani kowé, kaya Sang Rama enggoné nresnani Aku. Padha tetepa ana ing katresnan iki. Menawa kowé padha nglakoni pepakon-pepakonKu, Aku bakal tetep nresnani kowé. Ora béda karo Aku dhéwé: Sang Rama nresnani Aku, sebab Aku nglakoni dhawuh-dhawuhé Sang Rama.

 Kabèh iki Dakkandhakaké marang kowé, supaya kowé uga ngrasakaké kabungahanKu, lan supaya kabungahanmu dadia sampurna. PepakonKu mengkéné: Kowé kudu padha tresna-tinresnan, padha kaya enggonKu nresnani kowé. Katresnan sing gedhé dhéwé yakuwi menawa wong rila mati kanggo nglabuhi mitrané. Yèn kowé padha nglakoni apa sing Dakdhawuhaké marang kowé, kowé dadi mitra-mitraKu. Kowé ora padha Daksebut batur menèh, awit batur ora ngreti apa sing lagi ditindakaké déning bendarané. Kowé padha Daksebut mitra, awit kabèh sing Dakrungu saka RamaKu wis Dakkandhakaké marang kowé. Dudu kowé sing milih Aku, nanging Aku sing milih kowé, lan Dakdadèkaké utusan, supaya kowé metokaké woh akèh kaya wit anggur mau, sing wohé lestari ing selawasé. RamaKu bakal maringi apa waé sing koksuwun atas jenengKu. Iki dhawuhKu marang kowé: Padha tresna-tinresnana."

Disengiti déning jagad

Yoh. 15:18-27

 "Menawa kowé padha disengiti déning jagad, ngretia yèn Aku wis disengiti luwih dhisik déning jagad. Yèn pinangkamu saka jagad, jagad kuwi bakal nresnani kowé, kaya wongé jagad dhéwé. Nanging kowé wis Dakpilih saka jagad lan Daksengker dadi duwèkKu. Mulané kowé wis dudu wongé jagad. Kuwi sebabé jagad mau sengit karo kowé. Élinga marang sing wis Dakkandhakaké marang kowé: 'Batur kuwi ora ngluwihi bendarané.' Menawa wong-wongé jagad wis nganiaya marang Aku, wong-wong mau uga bakal nganiaya kowé. Yèn wong-wong mau nampani pangandikané Gusti Allah sing Dakwartakaké, mesthi uga bakal precaya marang piwulang sing kokwartakaké. Jagad bakal nindakaké panganiaya kuwi mau kabèh marang kowé, merga kowé kuwi wong-wongKu, lan merga jagad ora wanuh marang Panjenengané sing ngutus Aku. Saupama Aku ora teka lan ngandhakaké kuwi mau kabèh marang wong-wong kuwi, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki wong-wong mau ora duwé alesan kanggo nutupi dosané. Wong sing sengit marang Aku, kuwi uga sengit marang Sang Rama sing ngutus Aku. Aku wis nindakaké mujijat-mujijat lan kaélokan-kaélokan ana ing satengahé wong-wong mau, sing durung tau ditindakaké déning sapa waé. Saupama Aku ora nindakaké pretandha-pretandha ana ing satengahing wong-wong mau, wong-wong kuwi ora kena disalahaké. Nanging saiki, senajan wis padha ndeleng pretandha-pretandha, éwadéné wong-wong mau malah padha sengit marang Aku,