Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

38

tresna marang Aku. RamaKu bakal nresnani wong sing tresna marang Aku. Aku uga bakal nresnani wong mau, lan Aku bakal blaka marang wong mau, sapa Aku iki sejatiné."

 Yudas, dudu Yudas Iskariot, nyuwun pirsa marang Gusti Yésus: "Gusti, kenging menapa Panjenengan kersa mblakakaken bab Panjenengan piyambak dhateng kula sedaya, nanging mboten kersa blaka dhateng jagad?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing tresna marang Aku kuwi wong sing nglakoni piwulangKu. Sang Rama bakal nresnani wong mau. RamaKu lan Aku dhéwé bakal nekani wong kuwi lan manggon bebarengan ana ing wong kuwi. Wong sing ora tresna marang Aku, kuwi ora nglakoni piwulangKu. Piwulang sing kokrungu, kuwi dudu piwulangKu, nanging piwulang saka Sang Rama, sing ngutus Aku.

 Kabeh kuwi Dakkandhakaké marang kowé, mumpung Aku isih awor karo kowé. Déné sing arep mulangaké sakèhing prekara mau marang kowe kuwi Sang Roh Suci. Panjenengané kuwi Sang Juru Tetulung, sing bakal diutus déning Sang Rama atas saka jenengKu. Sang Juru Tetulung kuwi bakal ngélingaké kowé prekara-prekara sing wis Dakwulangaké marang kowé.

 Kowe padha Daktinggali katentreman. Yakuwi katentremanKu dhéwé sing Dakwènèhaké marang kowé. CaraKu mènèhi katentreman mau ora kaya patrapé jagad; atimu aja was-was. Kowé aja padha wedi. Kowé wis krungu: 'Aku bakal lunga, nanging Aku bakai bali menèh.' Yèn kowé tresna marang Aku, kowé bakal bungah, samangsa Aku lunga menyang ngarsané RamaKu, merga Sang Rama kuwi ngluwihi Aku. Kowé padha Dakwènèhi weruh saiki, sadurungé kabèh mau kelakon, supaya kowé padha precaya. Aku ora arep rembugan akéh-akèh menèh karo kowé, awit penggedhéné jagad (yakuwi Iblis) iki wis teka. Nanging Iblis ora duwé pangwasa ingatasé Aku. Nanging jagad prelu ngreti yèn Aku tresna marang Sang Rama, lan kuwi sebabé déné Aku mung nglakoni apa sing didhawuhaké marang Aku.

 Ayo, kita padha lunga saka kéné."

Gusti Yésus kuwi wit anggur sing sejati

Yoh. 15:1-17

 "Aku iki wit anggur sing sejati, lan RamaKu sing ngupakara kebon anggur mau. Saben pang sing ora metokaké woh, dipagas déning Sang Rama. Déné pang sing ngetokaké woh, diresiki, supaya wohé mundhak akèh. Kowé kuwi wis padha diresiki srana piwulang-piwulang sing Dakwènèhaké marang kowé. Padha nunggala karo Aku, lan Aku bakal nunggal karo kowé. Pang kuwi dhéwé ora bisa metokaké woh. Awit bisané metokaké woh, mung yèn nunggal karo wité. Kaya mengkono uga tumrap kowé. Kowé mung bisa metokaké woh, yèn kowé nunggal karo Aku.

 Aku iki wité anggur, lan kowé pang-pangé. Wong sing nunggal karo Aku, lan Aku nunggal karo wong mau, bakal metokaké woh akèh. Tanpa Aku, kowe ora bisa apa-apa. Wong sing ora nunggal karo Aku, kuwi kaya pang sing dipagas, banjur dadi garing. Pang-pang sing mengkono