Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

37

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

kowé, nuli Aku bakal bali mréné methuk kowé, supaya kowé uga anaa ing papan sing Dakenggoni mau. Panggonan sing Dakparani; kowé wis padha weruh dalané."

 Tomas nuli nyuwun pirsa: "Guru, kula sami mboten ngretos papan ingkang Panjenengan tuju, kados pundi enggèn kula sumerep merginipun?"

 Gusti Yésus ngandika: "Aku iki dalané marang Gusti Allah lan Aku sing nuduhaké, Gusti Allah kuwi sapa lan kepriyé kaanané; Aku uga sing mènèhi urip marang manungsa. Ora ana wong siji waé sing bisa sowan marang Sang Rama, yèn ora lantaran Aku. Yèn kowé wanuh marang Aku, kowé iya mesthi wanuh karo RamaKu. Wiwit saiki kowé wanuh karo Sang Rama, lan wis ndeleng Panjenengané."

 Filipus nuli matur: "Gusti, kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama menika, supados kawula sami marem."

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wis semono lawasé enggonKu urip bebarengan karo kowé kabèh; éwasemono kowé kok rumangsa durung wanuh karo Aku, Filipus! Sing sapa wis ndeleng Aku, kuwi uga wis ndeleng Sang Rama; kepriyé déné kowé muni: 'Kawula mugi Panjenengan tedahi Sang Rama? Apa kowé ora ngandel yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji? Sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji? Kabèh sing Dakkandhakaké marang kowé kuwi ora metu saka karepKu dhéwé. Nanging Sang Rama sing ana ing Aku, sing nindakaké kuwi mau kabèh. Ngandela, yèn Aku lan Sang Rama kuwi siji, sarta Sang Rama lan Aku kuwi siji. Utawa apa kowé ora ngandel karo apa sing wis Daklakoni mau? Aku kandha satemené marang kowé: wong sing precaya temenan marang Aku, bakal bisa nglakoni prekara-prekara sing wis Daktindakaké, malah wong kuwi bisa nindakaké prekara-prekara sing luwih gedhé ketimbang karo kuwi. Sebab Aku bakal sowan menyang ngarsané RamaKu. Apa waé sing koksuwun atas jenengKu, bakal Daksembadani, supaya Sang Rama kaluhuraké lantaran Sang Putra. Nyuwuna apa waé atas jenengKu, Aku bakal nyembadani."

Gusti Yésus njanjèkaké Sang Roh Suci

Yoh. 14:15-31

 Menawa kowé padha tresna marang Aku, padha nglakonana pepakonKu. Aku bakal nyuwun marang Sang Rama, nuli kowé bakal padha diparingi Juru Panglipur liyané, yakuwi Rohé Allah, sing nuduhaké bab kersané Gusti Allah. Roh mau bakal nunggal karo kowe selawasé. Jagad ora bisa nampani Rohé Allah, sebab ora bisa ndeleng Rohé Allah mau, lan ora wanuh marang Panjenengané. Nanging kowé wanuh marang Panjenengané, merga Panjenengané tansah nunggal karo kowe lan dedalem ana ing njeromu."

 "Aku ora bakal négakaké kowé; kowé ora bakal padha kapiran. Aku bakal bali menèh. Sedhéla engkas, jagad bakal ora ndeleng Aku, nanging kowé bakal padha ndeleng Aku; lan merga Aku urip, kowé iya bakal padha urip. Ing wektu kuwi kowé bakal ngreti yèn Aku ana ing Sang Rama, mengkono uga kowé padha ana ing Aku, lan Aku ana ing kowé.

 Sing sapa nampani lan nglakoni pepakon-pepakonKu, kuwi ateges