Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/37

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

36

dha roti kaliyan Kawula menika badhé nglawan Kawula!' Kowé saiki padha Dakwènèhi weruh sadurungé prekara kuwi kelakon, supaya yèn mengko kelakon, kowé padha precaya yèn Aku iki Panjenengané. Padha titènana: sapa sing nampa wong sing Dakutus, kuwi ateges nampani Aku dhéwé. Lang sapa sing nampa Aku, kuwi ateges nampani Gusti Allah, sing ngutus Aku."

Bujana suci sing kawitan

Mat. 26:26-30

 Nalika padha mangan, Gusti Yésus mundhut roti, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Roti mau nuli dicuwil-cuwil sarta di- paringaké marang para muridé, karo ngandika: "Padha tampanana, padha panganen, iki badanKu."

 Sawise kuwi banjur mundhut tuwung sing isi anggur, banjur ndedonga, saos sukur marang Pangéran. Gusti Yésus banjur maringaké tuwung mau marang para muridé, sarta ngandika: "Padha ngombéa kabèh saka ing tuwung iki. Sebab iki getihKu, getih sing diesokaké kanggo nanggung prejanjiané Gusti Allah. GetihKu iki diesokaké kanggo wong akèh, minangka pangapuraning dosa. Ngretia, Aku bakal ora ngombé anggur iki menèh nganti wektuné Aku ngombé anggur anyar bebarengan karo kowé kabèh ing Kratoné RamaKu."

 Sawise kuwi Gusti Yésus lan para muridé banjur padha menyanyi. Nuli padha mangkat menyang gunung Zaitun.

Pepakon anyar

Yoh. 13:31-35

 Sawisé Yudas lunga, Gusti Yésus nuli ngandika: "Saiki Putrané Manungsa bakal kamulyakaké. Lan lantaran Putraning Manungsa mau kamulyané Gusti Allah iya bakal kebabar. Yèn kamulyané Gusti Allah kebabar lantaran Putraning Manungsa, nuli kamulyaning Putrané Manungsa iya bakal diketingalaké déning Gusti Allah piyambak. Lan kuwi kabèh bakal tumuli kelakon. Anak-anakKu, enggonKu kumpul karo kowé kari sedhéla. Kowé bakal nggolèki Aku, nanging kaya sing wis Dakkandhakaké marang wong Yahudi, mengkono uga saiki Dakkandhakaké marang kowé: kowé ora bisa mara ing panggonan sing arep Dakparani.

 Kowé padha Dakwènèhi pepakon anyar, yakuwi supaya padha tresna-tinresnan. Dikaya enggonKu nresnani kowé, mengkono uga kowé padha tresna-tinresnana. Titikané enggonmu padha dadi muridKu, yakuwi menawa wong kabèh padha neksèni enggonmu tresna-tinresnan."

Gusti Yesus kuwi dalané

Yoh. 14:1-14

 Pangandikané Gusti Yésus marang para sekabat: "Atimu aja was-was. Padha ngandela marang Gusti Allah, lan iya ngandela marang Aku. Ing dalemé RamaKu akèh panggonan; mulané Aku mrana supaya nyawisaké panggonan kanggo kowé. Saupama ora mengkono, mesthi kowe ora padha Dakkandhani. Sawisé Aku nyawisaké panggonan kanggo