Kaca:Tamatna Sapa Wong Kuwi.pdf/36

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

35

Lelakon-lelakon Sing Pungkasan

Putrané Manungsa! Luwih becik tumrapé wong kuwi saupama ora lair waé!"

 Yudas, sing bakal ngulungaké Gusti Yésus nuli matur: "Nanging rak sanès kula ingkang Panjenengan kersakaken ta Gusti?"

 Gusti Yésus ngandika: "Mengkono kandhamu."


Gusti Yesus misuhi sikilé para sekabat

Yoh. 13:2-20

 Nalika semana ing wayah bengi Gusti Yésus lan para sekabat lagi padha dhahar. Ing kono Iblis ngosikaké atiné Yudas Iskariot, supaya ngulungaké Gusti Yésus. Gusti Yésus pirsa, yèn Sang Rama wis masrahaké sakèhing pangwasa marang Panjenengané. Panjenengane uga pirsa, yèn asalé saka Allah, lan bakal wangsul menyang ngarsané Allah. Mulané Panjenengané nuli jumeneng, ngrucat jubahé, sarta ngubetaké lawon ana ing lambungé. Panjenengané banjur ngesok banyu ana ing pengaron, sarta wiwit misuhi sikilé para sekabat; sawisé kuwi banjur dilapi nganggo lawon sing diubetaké ana ing lambungé mau. Bareng tekan gilirané Simon Pétrus, Simon matur: "Gusti, prelunipun menapa Panjenengan misuhi suku kawula?"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Saiki kowé durung ngreti apa maknané sing Daktindakaké iki, nanging mengko kowé bakal ngreti."

 "Sampun ngantos, Gusti," aturé Pétrus, "Panjenengan sampun ngantos misuhi suku kawula!"

 Nanging Gusti Yésus nuli ngandika: "Yèn kowé ora gelem Dakwisuhi, kowé ora kena dadi muridKu.

 Wangsulané Simon Pétrus: "Menawi mekaten Gusti, sampun ngemungaken suku ingkang dipun wisuhi, nanging ugi tangan lan sirah kawula!"

 Pangandikané Gusti Yésus: "Wong sing wis adus, badané sakojur wis resik, wong kuwi ora prelu didusi menèh. Mung sikilé waé sing prelu diresiki. Kowé pancèn wis padha resik, nanging ora kabèh." (Gusti Yesus wis pirsa, sapa sing bakal ngulungaké Panjenengané. Mulané Panjenengané ngandika: "Kowé wis padha resik, nanging ora kabèh.")

 Sawisé Gusti Yésus rampung enggoné misuhi sikilé para sekabat, Panjenengané nuli ngagem jubahé menèh, sarta wangsul lenggah. Panjenengané nuli ngandika marang para sekabaté mengkéné: "Apa kowé ngreti tegesé apa sing mentas Daktindakaké marang kowé mau? Kowé padha nyebut Aku Guru lan Gusti. Lan penyebutmu kuwi bener, awit Aku iki pancèn Guru lan Gusti. Lah saiki yèn Aku sing dadi Gusti lan Gurumu wis misuhi sikilmu, dadi kowé iya kuwajiban wisuh-winisuhan sikil. EnggonKu mènèhi tuladha marang kowé kabèh kuwi supaya kowé padha nglakonana kaya sing wis Daktindakaké marang kowé. Padha éling-élingen: batur kuwi ora ngungkuli bendarané, lan utusan ora ngluwihi sing ngutus. Saiki kowé wis padha ngreti prekara kuwi. Begja kowé menawa kuwi koklakoni.

 KandhaKu iki ora kanggo kowé kabèh, lan Aku ngreti sapa waé sing wis Dakpilih. Nanging apa sing katulisan ana ing Kitab Suci kudu kelakon. Tulisan mau surasané mengkéné: 'Tiyang ingkang sesarengan ne-